Selasa, 17 April 2012

GORO-GORO

Sakjane nggawe tah nggoleki goro-goro kuwi enak. Mung mari ngono dadine kepikiran maneh. Aku ki mau mari nggawe doso opo ora toh?? Mari ngelek-elek wong liyane. Opo yo, wong e kuwi ora nduwe perasaan?? Dadine, sing jenenge nggolek goro-goro kuwi sakjane mung nggawe wong liyane ngguyu. Tapine pastine, ono sing didadekno bahan guyonan. Sakjane sing didadekno bahan lelucon kuwi wonge ora oleh nggondok. Tapi yo jarno wae nek sing liyane iso ngguyu. Lah piye maneh, wong jenenge Lok-Lok-an. Nek nang liyo nggon, mbuh nang negoro dudu Jowo (opo maneh toh kuwi?? Lah opo Jowo kuwi jenenge negoro??) Sing digawe guyu i, wis-wis aku dewe yo ora ngerti kok. Sing pastine goro-goro i tekone karo Wayang Wong. (lhah aku dewe yo ora ngerti i, tekone nggowo undangane opo numpak becak tah sepur i aku yo ora ngerti). Lek nang Wayang Orang sing dadi lakone kuwi Semar, Bagong, Gareng, Petruk. Semar kuwi sakjane sparuh Dewo, lan sparuh menungso. Lan kuwi tiang bijaksana. Tapi kok yo ora koyo Bapak e, sing telu maneh kuwi, sakjane anak-anak e. Tapine uripe ora podo koyo sing wis lawas disebutke. Sing telu kuwi lok-lok-an wae senengane. Biasane ngelokno majikane, jenenge Raden Arjuno. Sing dongeng tah crito teko Jowo kuwi, huwuakueh sak arat-arat sak latar-latar, mung ora ngerti latare sopo. Polahe nek latare panggung, lak dadine yooo ukuren dewe, piro ukurane. Iyo po ora?? Ono maneh Ketoprakan. Yo podo koyo mengono. Lan nang Jakarta dadine oleh panganan. Ketoprakan tah ludrukan kuwi so Jawa Timuran. Sing anyar, mung ora onoh maneh nang tipi, jenenge Srimulat. Tapiii, nek nggoleki Srimulat, nang Tweeter yo ono kok. Pasale kabeh ki mung nggoleki hiburan rakyat. (Lempar rokok, lempar gocengan :P)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar